astaghf irullah robbal baroya.
astaghf irullah minal khotoya..
robbi zidni 'ilmannaafii'a...
wawaff iqni 'amalan soliha...
yarosulalloh salammun'alaik..
yaarof i'asyaa niwaddaaroji...
'atfatayaji rotal 'alami...
ya uhailaljuu diwaalkaromi...2x
ngawiti ingsun ngalaras syi'iran
kelawan muji maring pengeran
kang paring rohmat lan keni'matan
rino wengine tanpo pitungan 2x
duh bolo konco priyo wanito...
ojo mung ngaji syare'at bloko
gur pinter ndongeng nulis lan moco
tembe mburine bakal sengsoro 2x
akeh kang apal qur'an haditse
seneng ngafirke marang liyane
kafire dewe dak digatekke
yen isih kotor ati akale 2x
gampang kabujuk nafsu angkoro
ingpepaese gebbyare dunnyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine peteng lan nistho 2x
ayo sedulur jo nglaleake
wajibe ngaji sak pranotone
nggo ngandelake iman tauhide
baguse sangu mulyo matine 2x
kang aran soleh bagus atine
kerono mapan seri ngelmune
laku thoreqot lan ma'rifate
ugo hakekot manjing rasane 2x
al-qura qodim wahyu minulyo
tanpo tinulis biso diwoco
iku wejangan guru waskito
den tancepake ing jero dodo 2x
kumantil ati lan pikiran
mrasuk ing badan kabeh jeroan
mu'jizat rosul dadi pedoman
minongko dalan manjinge iman 2x
kelawan alloh kang moho suci
kudu rangkulan rino lan wengi
ditirakati diriyadhohi
dzikir lan suluk jo nganti lali 2x
uripe ayem rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
sabar narimo najan pas pasan
kabeh tinakdir saking pangeran 2x
kelawan konco dulur lan tonggo
kang podo rukun ojo ngesio
iku sunahe rosul kang mulyo
nabi muhammad panutan kito 2x
ayuh nglakoni sekabehane
allah kang bakal ngangkat drajate
senajan ashor toto dzohire
ananging mulyo maqom drajate 2x
lamun palastro ing pungkasane
ora kesasar roh lan sukmane
den gadang allah swargo manggone
utuh mayite ugo ulese 2x
yarosulalloh salammun'alaik...
yaarofi'asyaa niwaddararoji...
'atfatayaji rotall 'aalami...
ya uhailaljuu diwaalkaromi...2x
al faatiha
fadhalallohu wa iyyakum
wa afwa minkum
wassalamu alaikum waroh matullahi wabaro katuuh